Tampilkan postingan dengan label - Keroncong / Langgam Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label - Keroncong / Langgam Jawa. Tampilkan semua postingan

Minggu, 02 Agustus 2015

Waljinah - Macan Ulo Ngumbar Howo


Lirik :

Si Ulo direwangi topo
Kepingin ngambah ing angkoso
Memuji ing rino lan wengi
Mung nyuwun tukule swiwi

Mongko ulo kuwi ganas nduwe upas
E medeni yen nyembur gawe tiwas
Mung tujune panyuwune ora mandi
Pomo biso ibo rusake ndonya

Si macan melu ngumbar howo
Nyenyuwun marang Sing Kuwoso
Kepingin nglangi wonten toya
Ananging tetep ora biso

Macan nekat nuruti kareping ati
Nyegur mbanyu terus klelep njur mati
Ulo mekso nekat pengin arep mabur
Terus mumbul jiglok matine ajur

Link download :

Selasa, 14 Juli 2015

Mus Mulyadi & Waljinah - Panglingo Wonge


Lirik :

Kulo nuwun
Monggo monggo
Kulo tamu
Saking pundi
Griyo kulo rak tebih saking mriki
Bade panggih kalih Cak Mus Mulyadi

Sami sugeng
Pangestune
Saking Sala
Lha kok pirsa
Dipun sekecakakaken ingkang lenggah
Panjenengan rak Mbak Ayu Waljinah

Kulo rak pangling slirane mundak lemu
Kulo nggih pangling slirane ugi lema
Panglingo wonge
Po pangling suarane
Nadyan mengkene
Rak akeh penggemare

Link download :

Senin, 06 Juli 2015

Mus Mulyadi - Ojo Salah Tampa


Lirik :

Tak kandani ojo salah tampa
Tak kandani aku sak drema kanca
Ilangono sipat gampang nesu
Marang kancamu sing cedak karo kowe

Opo kowe wis tau mikirke
Opo kowe iso ngerti atine
Koyo ngopo loro batine kancamu
Pikiren kanti tenang lan tentrem

Saiki yen kowe sing diserikke
Po kowe biso nompo sak kabehe

Mong tinemong iku luwih becik
Mong tinemong mestine luwih apik
Ngraketake nglanggengake sesrawungan
Mulane ayo do ditindakke

Link download :

Minggu, 28 Juni 2015

Mus Mulyadi - Ojo Gelo


Lirik :

Kurang opo anggonku setiyo
Ora nate gawe ati loro
Ning nyatane kowe sing marai
Gawe panas atiku mung tansah ngajak padu

Ojo gelo yen aku wis duwe
Prawan ayu sing tulus atine
Ora liyo mung kancamu dewe
Tansah kalem solahe ning malah nggregetake

Ojo gelo lan ojo kuciwo
Yen tak tinggal lungo
Wis cukup tekan semene jo diteruske
Tresnamu mung sepele

Ora guno njaluko ngapuro
nadyan biyen pancen aku tresno
Ning saiki atiku wis kembo
Kesuwen sing ngenteni tambah laraning ati

Link download :

Selasa, 23 Juni 2015

Mus Mulyadi - Elingo Umur


Lirik :

Ojo rumongso kowe cah sing pinter dewe
Ojo rumongso kowe cah sing ayu dewe
Urip ning ndonya kudu biso srawung konco
Ngelingono umurmu coba wis piro 2x

Yen golek priyo ora usah sing wis titel
Yen golek priyo ora ndelok kantong kandel
Bondho lan rupo ora marakake tentrem
Ngelingono umurmu coba wis piro 2x

Jodo ojo diburu rak teko dewe
Ojo kokehan milih olo mengkone
Kokehan karep kokehan nyacat ning priyo
Tembene mburi dadi perawan sing tuwo

Link download :

Senin, 08 Juni 2015

Titiek Sandhora - Lola


Lirik :

Ora ono sedih sing ngluwihi
Urip ijen koyo aku iki
Wis biyen mulo tanpo biyung bopo
Urip dadi bocah lola

Ora ono panggon kanggo crito
Seneng susah njroning urip iki
Bisaku nangis nangis rino wengi
Yen ngrasakke kabeh iki

Aku tansah nyuwun
Marang Sing Moho Kuwoso
Mugo aku tabah
Nampani coban iki

Bopo biyung mesti ora lali
Nyuwunake dalan kanggo aku
Supoyo aku biso nemu margi
Oncat seko goda iki

Link download :

Mus Mulyadi - Kancaku


Lirik :

Aku duwe kanca
Seneng nambahi crita
Soyo angger ngenani deweke

Mesti ditambahi
Wis mesti dibumboni
Digawe kepenak deweke

Opo wae wis mesti
Deke ra tau keri
Sing ngrungokke dianggep ora ngerti

Upomo kerengan
Deweke mesti menang
Mungsuhe ajur digawe bubur

Ora tau tatu
Yoben pipine biru
Ngakune ming ketatap pintu

Opo to rumangsane
Kanca kabeh do wuto
Kok ra mikir kabeh podo nggeguyu

Ngenani cah wadon
Deke rumongso lakon
Ngalor ngidul dioyak cah ayu

Soyo yen do takon
Pacare wis meh ewon
Nggandeng cah wedok we ra tau

Link download :

Minggu, 07 Juni 2015

Titiek Sandhora - Ngelingono Jaman Susah


Lirik :

Dek semono sliramu tansah setiyo
Ora nate gawe gelo
Saben-saben gawe renaning atiku
Ora nate gawe nesu

Ning saiki yo mas kowe lali
Nalikane yo mas kowe janji
Arep ngudi tresno kang sejati
Malah-malah gawe laraning ati

Ojo dumeh yo mas bareng mukti
Banjur lali yo mas konco estri
Ngelingono biyen nalikane
Urip susah bareng lehe ngrasakke 3x

Link download :

Jumat, 29 Mei 2015

Mus Mulyadi - Nglabuhi Cah Ayu


Lirik :

Durung sak untoro wektu
Nggonku lungo ninggalke sliramu
Nadyan aboting kepekso
Murih biso dadi sisihanmu

Nuruti kersaning bopo
Ngersakake yen bakal mantune
Kudu wasis lan perwiro
Tuhu tresno lan pangkat sarjono

Entenono yo cah ayu
Tak turuti kersane keng romo
Nadyan angel tak labuhi
Murih bukti tresno kang sejati

Aduh romo aduh ibu
Ingkang putro nyuwun pangestumu
Koyo ngopo kepingine
Gegandengan karo bocah ayu

Link download :

Sabtu, 16 Mei 2015

Mus Mulyadi - Wis Cukup Buktine


Lirik :

Wis cukup tak buktekake
Uwis cukup tuhu setyane
Opo sing tak tunggu deke yo seneng aku
Aku kudu nduduhke satriaku

Wis sabar lehe ngenteni
Uwis sabar lehe mersudi
Supoyo awakku percoyo katresnane
Ra gelem aku gawe gelane

Katresnane ngenteni aku
Ngemboro golek ilmu menyang monco
Kasetyane olehe nunggu
Kudu tak wales buktine janjiku

Co konco podo dongakno
Aku urip rukun slawase
Wis tetep atiku kudu milih deweke
Tumeko mengko titi wancine

Link download :

Sabtu, 09 Mei 2015

Mus Mulyadi - Nyuwun Pangaksomo


Lirik :

Yen kelingan sak mongso durung dewoso
Dikasihi ibu bopo
Ning tansah gawe deduko lan kuciwo
Sak solahe murang toto

Ning saiki banjur lagi kroso
Bareng adoh karo wong tuo
Nandang susah urip rekoso nalongso

Ibu bopo kulo nyuwun pangaksomo
Dene tansah damel duko
Nyuwun berkah lan pangestuning saliro
Mugi-mugi tansah setyo

Link download :

Kamis, 23 April 2015

Titiek Sandhora - Yen To Wis Jodoku


Lirik :

Ben tonggo do padu
Ngrembuk sing rupa-rupa
Yen to wis jodoku
Yo ora opo-opo

Wis ben sopo wae
Ming siji penyuwunku
Muga deweke
Bisa ngerti atiku

Goleko wit jamur
Sing tuwo oyote
Cendek opo duwur
Tak kiro podo wae

Pilih iwak sepat
Opo daging sapi
Sugih opo mlarat
Aku ora peduli

Kok ndadak digawe
Bingung atine dewe
Angger bisa tuhu
Bisa rukun mengkone

Link download :

Titiek Sandhora - Tanggaku Latah


Lirik :

Podo rungokno aku nduweni crita
Tangga ngarepku sipate rodo lucu
Titik wae dek'e ra gelem ngalah
Karo tangga sebelah menyebelah

Lanang lan wadon latahe ora jamak
Atine atos meh koyo isi salak
Ora trima yen tanggane ngungkuli
Duwe opo dek'e mesti moh keri

Jejere tetuku dek'e yo tuku
Jejere do lunga dek'e yo lunga
Opo karepe kabeh kok ditirok tirokke
Opo gunane gawe rekoso dewe

Sakwiji dina tanggane nganggo mini
Uwonge ayu disawang merak ati
Ora trimo sesuke dek'e nganggo
Rumangsane saben wong patut ngono

Migak miguk mlaku koyo kepiting
Ginak ginuk persis banget bal ngglinding

Lho kok koyo ngono
Wis lemu buntet rupamu elek
Nganggo rok mini tiru-tiru tung bungkring kae
Hayo digoekke uwong no

Link download :

Rabu, 22 April 2015

Titiek Sandhora - Ojo Kesusu


Lirik :

Anak siji ayu ceninilan
diomah-omahke angele ra jamak ... hmmm

Aduh aduh pak ojo kesusu
Durung durung pak cukup umurku
Ijih seneng hmmm urip sing bebas
Ora ngrasakke yen kurang beras

Kurang beras? Mokal
Wonge sugih e ... koyo dokter
Dokter? Iyo
Hhhhh

Aku emoh pak loro atiku
Akeh pasien pak sing ayu-ayu
Loro moto ning lha kok anehe
Sing dipriksa lha kok malah dadane

Criwis pinter mangsuli
Coba saiki wangsulana eneh ... direktur
Direktur? Iyo
Hhhh

Bojon direktur kerepe ditinggal rapat
Paling sitik selire luwih ko papat
Pamit lunga mulih-mulih wis tengah wengi
Mlaku loyo ning klambine mundak wangi

Meksa meksa kowe wangsulan
Lha karepmu piye coba nduk
Tenan? Coba ... coba
Bapak eman? Iyo

Mengko aku pak tak milih dewe
Sopo wae yo yen wis jodone
Yo ben olo pak rerupane
Nanging tresnane sak lawase

A wis kalah aku karo anakku
Ibumu ki biyen patbelas tahun wis kawin karo aku
Woalah bapak ki yo isih kolot wae pikirane
Saiki ki rak jaman modern to pak ... pak

Link download :

Senin, 13 April 2015

Titiek Sandhora - Ojo Ngono


Lirik :

Aku ra tau janji
Opo wae nang sliramu
Coba eling-elingen
Coba eling-elingen kapan

Yen aku ora kleru
Malah aku tau kondo
Sliramu wis tak anggep
Dadi koyo kamasku dewe

Keno opo bareng aku
Kenal karo priyo liyo
Saben petuk mesti mrengut
Ojo ngono

Ing donya ora kurang
Wanita kang luwih ayu
Yen wis pancen wancine
Mesti bakal ketemu dewe

Link download :

Selasa, 07 April 2015

Titiek Sandhora - Ngelingono Katresnanku


Lirik :

Mbiyen sliramu setia
Nganti nglakoni pirang-pirang dina
Sing mbok tresnani mung aku sak ndonya

Mbiyen ora tau leren
Tansah janji malah sumpah mati
Ora bakal pisan ingkar janji

Ning saiki
Ora tau gawe tentrem ati
Saben-saben tansah nesu
Tan ono sebabe

Kapan sliramu kelingan
Jaman mbiyen nalika tunangan
Kepingin urip tentrem bebarengan

Ojo lali
Tak setiani sak lawas-lawase
Ngelingono katresnanku
Sejatine

Link download :

Senin, 06 April 2015

Titiek Sandhora - Layangmu


Lirik :

Layangmu
Dek wingi wis tak tampa
Lan isine
Aku yo wis ngerti

Tresnamu
Sing wis kok pendem suwe
Apuranen
Ra bisa tak timbangi

Cobanen nglalekke kabeh iki
Ijih akeh wanita sing merak ati
Sing gemati sing ngluwihi aku iki
Sabar sithik mengko rak teko dewe

Pujekno
Bisa Langgeng uripku
Ming sepisan
Nang priyo pilihanku

Tresnamu
Banget lehku ngormati
Tresnamu
Pancen tresna sejati

Link Download :

Download MP3 Titiek Sandhora - Kabeh Priyo Podo Wae


Lirik :

Ora bakal tak baleni
Nadyan pisan karo sopo wae
Aku wis kapok tenan
Mitayani bujukaning priyo

Priyo kabeh podo wae
Andap asor yen arep nyedaki
Yen wis entuk karepe
Gampang banget olehe nglungani

Panyuwunku
Pisan engkas aku nompo tresno
Panyuwunku
Bakal tak nggo tekan sak lawase
Nganti kapan wae
Aku dadi mimi lan mintuno

Ojo pisan-pisan maneh
Nyoba-nyoba arep nggoda aku
Kowe ra bakal bisa
Cara apa tetep ora bisa

Link Download :