Lirik :
Anak siji ayu ceninilan
diomah-omahke angele ra jamak ... hmmm
Aduh aduh pak ojo kesusu
Durung durung pak cukup umurku
Ijih seneng hmmm urip sing bebas
Ora ngrasakke yen kurang beras
Kurang beras? Mokal
Wonge sugih e ... koyo dokter
Dokter? Iyo
Hhhhh
Aku emoh pak loro atiku
Akeh pasien pak sing ayu-ayu
Loro moto ning lha kok anehe
Sing dipriksa lha kok malah dadane
Criwis pinter mangsuli
Coba saiki wangsulana eneh ... direktur
Direktur? Iyo
Hhhh
Bojon direktur kerepe ditinggal rapat
Paling sitik selire luwih ko papat
Pamit lunga mulih-mulih wis tengah wengi
Mlaku loyo ning klambine mundak wangi
Meksa meksa kowe wangsulan
Lha karepmu piye coba nduk
Tenan? Coba ... coba
Bapak eman? Iyo
Mengko aku pak tak milih dewe
Sopo wae yo yen wis jodone
Yo ben olo pak rerupane
Nanging tresnane sak lawase
A wis kalah aku karo anakku
Ibumu ki biyen patbelas tahun wis kawin karo aku
Woalah bapak ki yo isih kolot wae pikirane
Saiki ki rak jaman modern to pak ... pak
Link download :
