Tampilkan postingan dengan label Mus Mulyadi. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Mus Mulyadi. Tampilkan semua postingan

Kamis, 27 Agustus 2015

Mus Mulyadi - Sepi


Lirik :

Wektu saiki
Katone sepi
Sedih yen kelingan
Lelakon jaman wingi

Sliramu mesti
Lenggah ning kono kuwi
Aku ora lali
Marang prasetyo janji

Nanging wusanane
Ilang tanpo lari
Tego medotke roso tresno
Kang kebacut tak gowo

Rasaning ati
Ndonya dadi sepi
Mbesok kapan bali
Kita ketemu lagi

Link download :

Minggu, 16 Agustus 2015

Mus Mulyadi - Tresno Sejati


Lirik :

Maune aku wis kondo
Yen aku wong ora duwe
Rupo ra mingsro pinter ra pinter
Jarene ra piye-piye

Bareng wis kelakon saiki
Kok bedo karo mbiyene
Saben dinane mung tansah ngece
Ra tau ra nganyelake

Ojo ngece karo wong ora duwe
Sugih miskin podo wae
Bondho donya ojo diandelake
Luwih perlu tumindake

Saiki piye karepmu
Aku mung tansah nuruti
Yen isih gelem yo do miwiti
Kanti tresno kang sejati

Link download :

Selasa, 14 Juli 2015

Mus Mulyadi & Waljinah - Panglingo Wonge


Lirik :

Kulo nuwun
Monggo monggo
Kulo tamu
Saking pundi
Griyo kulo rak tebih saking mriki
Bade panggih kalih Cak Mus Mulyadi

Sami sugeng
Pangestune
Saking Sala
Lha kok pirsa
Dipun sekecakakaken ingkang lenggah
Panjenengan rak Mbak Ayu Waljinah

Kulo rak pangling slirane mundak lemu
Kulo nggih pangling slirane ugi lema
Panglingo wonge
Po pangling suarane
Nadyan mengkene
Rak akeh penggemare

Link download :

Senin, 06 Juli 2015

Mus Mulyadi - Ojo Salah Tampa


Lirik :

Tak kandani ojo salah tampa
Tak kandani aku sak drema kanca
Ilangono sipat gampang nesu
Marang kancamu sing cedak karo kowe

Opo kowe wis tau mikirke
Opo kowe iso ngerti atine
Koyo ngopo loro batine kancamu
Pikiren kanti tenang lan tentrem

Saiki yen kowe sing diserikke
Po kowe biso nompo sak kabehe

Mong tinemong iku luwih becik
Mong tinemong mestine luwih apik
Ngraketake nglanggengake sesrawungan
Mulane ayo do ditindakke

Link download :

Minggu, 28 Juni 2015

Mus Mulyadi - Ojo Gelo


Lirik :

Kurang opo anggonku setiyo
Ora nate gawe ati loro
Ning nyatane kowe sing marai
Gawe panas atiku mung tansah ngajak padu

Ojo gelo yen aku wis duwe
Prawan ayu sing tulus atine
Ora liyo mung kancamu dewe
Tansah kalem solahe ning malah nggregetake

Ojo gelo lan ojo kuciwo
Yen tak tinggal lungo
Wis cukup tekan semene jo diteruske
Tresnamu mung sepele

Ora guno njaluko ngapuro
nadyan biyen pancen aku tresno
Ning saiki atiku wis kembo
Kesuwen sing ngenteni tambah laraning ati

Link download :

Selasa, 23 Juni 2015

Mus Mulyadi - Elingo Umur


Lirik :

Ojo rumongso kowe cah sing pinter dewe
Ojo rumongso kowe cah sing ayu dewe
Urip ning ndonya kudu biso srawung konco
Ngelingono umurmu coba wis piro 2x

Yen golek priyo ora usah sing wis titel
Yen golek priyo ora ndelok kantong kandel
Bondho lan rupo ora marakake tentrem
Ngelingono umurmu coba wis piro 2x

Jodo ojo diburu rak teko dewe
Ojo kokehan milih olo mengkone
Kokehan karep kokehan nyacat ning priyo
Tembene mburi dadi perawan sing tuwo

Link download :

Senin, 08 Juni 2015

Mus Mulyadi - Bocah Ayu


Lirik :

Aku wis nate ketemu
Karo sliramu iku
Naliko kowe nganggo rok abu abu
Sajak ngguyu karo aku

Aku kepingin kenalan
Sayang seje sekolahan
Upomo aku uwis biso kenalan
Saben Minggu tak jak dolan

Lirikan mripatmu iku
Gawe goncanging atiku
Tansah kelingan esem lan guyumu
Pancen kowe bocah ayu

Link download :

Mus Mulyadi - Kancaku


Lirik :

Aku duwe kanca
Seneng nambahi crita
Soyo angger ngenani deweke

Mesti ditambahi
Wis mesti dibumboni
Digawe kepenak deweke

Opo wae wis mesti
Deke ra tau keri
Sing ngrungokke dianggep ora ngerti

Upomo kerengan
Deweke mesti menang
Mungsuhe ajur digawe bubur

Ora tau tatu
Yoben pipine biru
Ngakune ming ketatap pintu

Opo to rumangsane
Kanca kabeh do wuto
Kok ra mikir kabeh podo nggeguyu

Ngenani cah wadon
Deke rumongso lakon
Ngalor ngidul dioyak cah ayu

Soyo yen do takon
Pacare wis meh ewon
Nggandeng cah wedok we ra tau

Link download :

Jumat, 29 Mei 2015

Mus Mulyadi - Nglabuhi Cah Ayu


Lirik :

Durung sak untoro wektu
Nggonku lungo ninggalke sliramu
Nadyan aboting kepekso
Murih biso dadi sisihanmu

Nuruti kersaning bopo
Ngersakake yen bakal mantune
Kudu wasis lan perwiro
Tuhu tresno lan pangkat sarjono

Entenono yo cah ayu
Tak turuti kersane keng romo
Nadyan angel tak labuhi
Murih bukti tresno kang sejati

Aduh romo aduh ibu
Ingkang putro nyuwun pangestumu
Koyo ngopo kepingine
Gegandengan karo bocah ayu

Link download :

Selasa, 19 Mei 2015

Mus Mulyadi & Titiek Sandhora - Kanggo Poro Mudo


Lirik :

Nggo poro mudo do rungokno
Pitutur sing nggunani
Sinambi lungguh lan rujakan
Yo diwiwiti

Nggo poro mudo kabeh
Jo seneng pasrah
Marang kahanan sing ngrekoso
Pacoban susah

Mus Mus njaluk rujake timun Mus
Iyo iyo rungokno yo

Rujak timun rujake cah seneng nglamun
Delag deleg koyo wong wis pikun
Biso biso mengko klebonan setan
Ndadak bingung golek tombo menyan

Saiki njaluk rujake babat yo
Sing enak lho Mus
Iyo rungokno yo

Rujak babat rujake wong seneng sambat
Loro sitik jare wis ra kuat
Kudu tabah ngelawan sak kabehe
Loro sitik ojo dirasakke

Link download :

Sabtu, 16 Mei 2015

Mus Mulyadi - Wis Cukup Buktine


Lirik :

Wis cukup tak buktekake
Uwis cukup tuhu setyane
Opo sing tak tunggu deke yo seneng aku
Aku kudu nduduhke satriaku

Wis sabar lehe ngenteni
Uwis sabar lehe mersudi
Supoyo awakku percoyo katresnane
Ra gelem aku gawe gelane

Katresnane ngenteni aku
Ngemboro golek ilmu menyang monco
Kasetyane olehe nunggu
Kudu tak wales buktine janjiku

Co konco podo dongakno
Aku urip rukun slawase
Wis tetep atiku kudu milih deweke
Tumeko mengko titi wancine

Link download :

Sabtu, 09 Mei 2015

Mus Mulyadi - Nyuwun Pangaksomo


Lirik :

Yen kelingan sak mongso durung dewoso
Dikasihi ibu bopo
Ning tansah gawe deduko lan kuciwo
Sak solahe murang toto

Ning saiki banjur lagi kroso
Bareng adoh karo wong tuo
Nandang susah urip rekoso nalongso

Ibu bopo kulo nyuwun pangaksomo
Dene tansah damel duko
Nyuwun berkah lan pangestuning saliro
Mugi-mugi tansah setyo

Link download :