Tampilkan postingan dengan label Didi Kempot. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Didi Kempot. Tampilkan semua postingan

Rabu, 06 Mei 2015

Didi Kempot - Pinter Sandiworo


Lirik :

Umpama aku ngerti sopo tenan biyene
Luwih becik tak tinggal tepung kenyo liyane
Bareng ngerti sak nyatane
Prasetiamu jebul mung ono lambe

Yo wis tutugno lakumu
Trimo mundur timbang loro atiku

Nadyan to tak pageri
Landeping kawat eri
Kabeh wis gawan bayi
Ra bakal biso mari

Lilo atiku lilo
Sakkarepmu tutugno nduk lakumu
Sabar kuwi ono watese
Luwih becik aku tak urip dewe

Kowe pancen pinter sandiworo
Ati iki sak tenane uwis kroso
Kowe pancen pinter sandiworo
Aku ngerti kowe lungo karo sopo

Yen tak tutugke terus koyo mengkene
Sopo sing gelem dilarak-larakke
Aku tak urip dewe
Oh oh cah ayu

Link download :

Selasa, 05 Mei 2015

Didi Kempot - Manuk Sriti


Lirik :

Mongso rendeng howone adem
Udane deres aduh dik kaline banjir
Nduwe bojo rupane ayu
Senajan adem aku ora kuatir

Manuk sriti kecemplung kali
Wulune teles ora biso nglangi
Rasane mak nyes ..nyeees atiku iki
Entuk bojo kowe aduh dik aku ra rugi

Opo tenan mas opo opo tenan

Rambutku rambutmu podo irenge
Atiku atimu podo mantepe
Simbahku simbahmu podo jowone
Yen wis jodo penake yo ngene wae

Mas mengko gek ngapusi
Tiwas aku kadung seneng
Mlakune engko ra kenceng
Ojo MD lho mas
MD ki opo to
Kuwi lho Medok Dalan kuwi lho
Wah is ora bakal
Kowe sing nganeh-anehi
Ah tenane
Owa owa
Paling ming menggok sedilit tok we
Ha sing penting rak ra ngendog to dik
Loh piye to kuwi
Emoh aku nek ngono mas
Wis to percoyo-o
Endogku yo endogmu

Link download :

Senin, 04 Mei 2015

Didi Kempot - Kembang Amben


Lirik :

Abot rasane lambe iki
Arep kondo karo kowe
Opo salah lan opo dosaku
Kowe mblenjani janjimu

Loro tenan atiku iki
Panas koyo muruping geni
Sewu janji gawe bungah ing ati
Mung manis ing lathi

Opo pancen uwis nasibku
Nandang lelakon kang koyo mengkene
Kenyo sing tansah tak tresnani
Jebulene tego amblenjani janji

Awak nganti kuru yen mikir sliramu
Kembanging atiku
Saiki uripku dadi kembang amben
Mergo janjimu biyen

Link download :

Rabu, 29 April 2015

Didi Kempot - Esok Tempe Sore Dele


Lirik :

Sak pucuke kukuku iki
Aku wis ora percoyo
Sak kedepe mripatku iki
Aku wis ora perduli

Ora mung pisan pindo
Aku mbok kiro wong bodo
Bola bali mung diapusi
Sak tenane aku wis ngerti

Mulih kerjo ra tau ditakoni
Pengin mangan ra tau dicepaki
Mapan turu kok malah disingkuri

Wis wis yo wis yo wis sak karepmu 2x
Esoke tempe sorene dele 2x

Link download :

Didi Kempot - E Dayohe Teko


Lirik :

Ssst Pak Gareng teko

Kulo nuwun dik aku bocah Jowo
Aku gandrung dik amargo tresno
Opo tenan mas sampeyan tresno kulo
Kangmas ganteng eeeh koyo Arjuno

E dayohe teko
Ee jerengno kloso
E klasane bedah
Ee ditambal jadah

Malem Minggu ala dik enake mlaku-mlaku
Aku tresno dik karo sliramu
Opo tenan mas sampeyan tresno aku
Aku gelem mas lamaren aku

Kayu randu dik ning tengah kebon
Aku pasrah mas wis mongso borong
Biru 4x ala dik kuwi klambimu
Gek ndang matur mas romo lan ibu

Nandur pari ning tengah sawah
Prawane siji jokone mblarah
Pari gogo garing ning uwit
Sing lanang dudo senenge njiwit
Cekap semanten piatur kula
Menawi lepat nyuwun ngapuro

Link download :

Jumat, 24 April 2015

Didi Kempot - Bingung


Lirik :

Ono loro wanito sing narik atiku
Ndilalah kabeh ayu ayu
Loro-lorone seneng aku

Sing siji putih kalem
Sijine ireng manis
Tak pilih siji sijine piye ong
Tak pilih kabeh murka dadine

Bingung bingung aku bingung
Bingung bingung aku bingung
Mumet mumet tak pilih sing endi
Lorone podo le merak ati

Link download :