Tampilkan postingan dengan label - Pop Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label - Pop Jawa. Tampilkan semua postingan

Kamis, 27 Agustus 2015

Mus Mulyadi - Sepi


Lirik :

Wektu saiki
Katone sepi
Sedih yen kelingan
Lelakon jaman wingi

Sliramu mesti
Lenggah ning kono kuwi
Aku ora lali
Marang prasetyo janji

Nanging wusanane
Ilang tanpo lari
Tego medotke roso tresno
Kang kebacut tak gowo

Rasaning ati
Ndonya dadi sepi
Mbesok kapan bali
Kita ketemu lagi

Link download :

Kamis, 20 Agustus 2015

Mini S - Rujak Nanas


Lirik :

Saiki mas kowe kok ngono
Angger angger kok kerep ngoso
Opo lali janjimu wingi
Sak lawase tansah gemati

Opo ra eling karo keng putro
Jare kekantilaning nyowo
Ojo mblenjani ojo nyidrani
Mengko mundak mleni

Rujak nanas wadahi gelas
Mung nglabuhi wong ora nggagas
Gelali mas selehno piring
Ojo lali mas mbok yo eling

Link download :

Minggu, 16 Agustus 2015

Mus Mulyadi - Tresno Sejati


Lirik :

Maune aku wis kondo
Yen aku wong ora duwe
Rupo ra mingsro pinter ra pinter
Jarene ra piye-piye

Bareng wis kelakon saiki
Kok bedo karo mbiyene
Saben dinane mung tansah ngece
Ra tau ra nganyelake

Ojo ngece karo wong ora duwe
Sugih miskin podo wae
Bondho donya ojo diandelake
Luwih perlu tumindake

Saiki piye karepmu
Aku mung tansah nuruti
Yen isih gelem yo do miwiti
Kanti tresno kang sejati

Link download :

Senin, 08 Juni 2015

Mus Mulyadi - Bocah Ayu


Lirik :

Aku wis nate ketemu
Karo sliramu iku
Naliko kowe nganggo rok abu abu
Sajak ngguyu karo aku

Aku kepingin kenalan
Sayang seje sekolahan
Upomo aku uwis biso kenalan
Saben Minggu tak jak dolan

Lirikan mripatmu iku
Gawe goncanging atiku
Tansah kelingan esem lan guyumu
Pancen kowe bocah ayu

Link download :

Minggu, 24 Mei 2015

Titiek Sandhora - Isining Ati


Lirik :

Arep tak coba
Nyritakke isining atiku

Mas koyo ngopo sepining atiku
Sepi lan nyenyet
Wis kesel mripatku iki
Aku wis ora biso mrebes mili maneh

Mas saiki wis adoh panggonmu
Wis ilang kabeh impenku sing apik apik
Mas ora biso tak gambarke
Sepiro tatuning ati iki

Aku ming kok tinggali janji janjimu
Ning sopo aku njaluk pengayoman
Nang sopo aku biso nyritakke
Kabeh sedihku

Mas kandanono nangendi aku mesti semingkir
Seko perihing batinku
Aku ora biso kuwagang
Ngadepi kabeh iki

Mas pepundenku
Upomo ati iki biso kondo
Mesti bakal crito
Nangis njerit ohh

Nanging sarehne seprene
Anane ming bisu
Mulane ming lambe wae sing biso kondo
Sing keri dewe
Aku tetep tresno

Link download :

Selasa, 19 Mei 2015

Mus Mulyadi & Titiek Sandhora - Kanggo Poro Mudo


Lirik :

Nggo poro mudo do rungokno
Pitutur sing nggunani
Sinambi lungguh lan rujakan
Yo diwiwiti

Nggo poro mudo kabeh
Jo seneng pasrah
Marang kahanan sing ngrekoso
Pacoban susah

Mus Mus njaluk rujake timun Mus
Iyo iyo rungokno yo

Rujak timun rujake cah seneng nglamun
Delag deleg koyo wong wis pikun
Biso biso mengko klebonan setan
Ndadak bingung golek tombo menyan

Saiki njaluk rujake babat yo
Sing enak lho Mus
Iyo rungokno yo

Rujak babat rujake wong seneng sambat
Loro sitik jare wis ra kuat
Kudu tabah ngelawan sak kabehe
Loro sitik ojo dirasakke

Link download :

Rabu, 06 Mei 2015

Didi Kempot - Pinter Sandiworo


Lirik :

Umpama aku ngerti sopo tenan biyene
Luwih becik tak tinggal tepung kenyo liyane
Bareng ngerti sak nyatane
Prasetiamu jebul mung ono lambe

Yo wis tutugno lakumu
Trimo mundur timbang loro atiku

Nadyan to tak pageri
Landeping kawat eri
Kabeh wis gawan bayi
Ra bakal biso mari

Lilo atiku lilo
Sakkarepmu tutugno nduk lakumu
Sabar kuwi ono watese
Luwih becik aku tak urip dewe

Kowe pancen pinter sandiworo
Ati iki sak tenane uwis kroso
Kowe pancen pinter sandiworo
Aku ngerti kowe lungo karo sopo

Yen tak tutugke terus koyo mengkene
Sopo sing gelem dilarak-larakke
Aku tak urip dewe
Oh oh cah ayu

Link download :