Minggu, 16 Agustus 2015

Mus Mulyadi - Tresno Sejati


Lirik :

Maune aku wis kondo
Yen aku wong ora duwe
Rupo ra mingsro pinter ra pinter
Jarene ra piye-piye

Bareng wis kelakon saiki
Kok bedo karo mbiyene
Saben dinane mung tansah ngece
Ra tau ra nganyelake

Ojo ngece karo wong ora duwe
Sugih miskin podo wae
Bondho donya ojo diandelake
Luwih perlu tumindake

Saiki piye karepmu
Aku mung tansah nuruti
Yen isih gelem yo do miwiti
Kanti tresno kang sejati

Link download :

Minggu, 02 Agustus 2015

Waljinah - Macan Ulo Ngumbar Howo


Lirik :

Si Ulo direwangi topo
Kepingin ngambah ing angkoso
Memuji ing rino lan wengi
Mung nyuwun tukule swiwi

Mongko ulo kuwi ganas nduwe upas
E medeni yen nyembur gawe tiwas
Mung tujune panyuwune ora mandi
Pomo biso ibo rusake ndonya

Si macan melu ngumbar howo
Nyenyuwun marang Sing Kuwoso
Kepingin nglangi wonten toya
Ananging tetep ora biso

Macan nekat nuruti kareping ati
Nyegur mbanyu terus klelep njur mati
Ulo mekso nekat pengin arep mabur
Terus mumbul jiglok matine ajur

Link download :

Kamis, 23 Juli 2015

Basiyo - Kapusan

Dagelan mataram dengan lakon Kapusan ini diperankan oleh Basiyo, Jariyah, Bu Tik, dan Kalidi bersama Karawitan Condong Raos pimpinan Ki Nartosabdho. Direkam dalam bentuk pita kaset oleh Fajar Record.

Dikisahkan Basiyo dan istrinya adalah orang yang berkecukupan, bertolak belakang dengan nasib adiknya yaitu Ngadimin yang beristrikan Genduk yang hidup dalam kesusahan. Putus asa karena usahanya meminjam uang kepada kakaknya selalu gagal membuat Genduk mempunyai akal menemui Pak Bas mengabarkan bahwa Ngadimin suaminya meninggal. Hal ini tentu saja tanpa sepengetahuan Ngadimin. Mendengar kabar bahwa adik laki-lakinya itu telah meninggal membuat Pak Bas tersentuh hatinya dan memberikan sejumlah uang kepada Genduk untuk membantu upacara pemakaman.

Tanpa sepengetahuan Genduk, ternyata hal yang sama dilakukan oleh Ngadimin kepada Bu Bas. Dia mengabarkan bahwa istrinya telah meninggal. Dan Bu Bas pun memberikan sejumlah uang untuk keperluan upacara pemakaman pula.

Sumonggo dipun download lan sugeng midangetaken sinambi leyeh-leyeh.

Link download :
Basiyo - Kapusan mp3

Selasa, 14 Juli 2015

Mus Mulyadi & Waljinah - Panglingo Wonge


Lirik :

Kulo nuwun
Monggo monggo
Kulo tamu
Saking pundi
Griyo kulo rak tebih saking mriki
Bade panggih kalih Cak Mus Mulyadi

Sami sugeng
Pangestune
Saking Sala
Lha kok pirsa
Dipun sekecakakaken ingkang lenggah
Panjenengan rak Mbak Ayu Waljinah

Kulo rak pangling slirane mundak lemu
Kulo nggih pangling slirane ugi lema
Panglingo wonge
Po pangling suarane
Nadyan mengkene
Rak akeh penggemare

Link download :

Senin, 06 Juli 2015

Mus Mulyadi - Ojo Salah Tampa


Lirik :

Tak kandani ojo salah tampa
Tak kandani aku sak drema kanca
Ilangono sipat gampang nesu
Marang kancamu sing cedak karo kowe

Opo kowe wis tau mikirke
Opo kowe iso ngerti atine
Koyo ngopo loro batine kancamu
Pikiren kanti tenang lan tentrem

Saiki yen kowe sing diserikke
Po kowe biso nompo sak kabehe

Mong tinemong iku luwih becik
Mong tinemong mestine luwih apik
Ngraketake nglanggengake sesrawungan
Mulane ayo do ditindakke

Link download :